Kalis Ing Sambikala Poem by Ahmad Shiddiqi

Kalis Ing Sambikala

mega malang nutupi sang surya
omah joglo wus kobong dadi areng
geni mubal sak gumuk
klakon ngejur ngremuk
brandhal kecu kang nganggo
klambi sarwa ireng ireng
ndobrak ngobong mrawasa
wewangunan lan sato kewan
tuwa enom cilik gedhe
padha pating njlerit
mlayu ngalor ngidul ngetan ngulon
padha nggolek panguripane sowang sowang
rombongane Ki Buyut Dipaprawira
numpak jaran abang jaran ireng
nyasak alas gung liwang liwung
ing sak ngisore wit trembesi
kang wus atusan taun umure
golek papan kanggo leren lan ngiyup
plong atine bareng krungu wangsulane
ingkang mantu nek sakrombongan
wus slamet ora kurang sawiji apa
kanthi praupan mongkog lan gumbira
pawongan klambi ijo iku den rangkul
banjur nyuwara radha geter
sedhela maneh wadya bajobarat
mesthi nututi mrene
awake dhewe kudu waspada
ayo padha andum pagaweyan
sapa sing jaga sapa sing leren
Kali Opak banyune mili bening
iwak iwak pating sliwer
macan loreng katon ngombe
jangkrik genggong padha
nembang Kinanthi
sumungkem memuji Gusti
merga kabeh wus klakon
kalis ing sambikala

COMMENTS OF THE POEM
READ THIS POEM IN OTHER LANGUAGES
Ahmad Shiddiqi

Ahmad Shiddiqi

Semarang, Central Java, Indonesia
Close
Error Success